Montro Aji Brojomusti [Pakde Wignyo & mbah Margoneroko]

DUKUN PENYESAT UMAT
Dukun Penyesat Umat. FOTO: Google

Sore itu Pakde Wignyo sowan ke rumah mbah Margoneroko karena sakit perut..


Pakde Wignyo : " Adododohhh eyang weteng kulo niki rasane pating kruwel ora karuan.. "

eyang Margoneroko : " Ngko sik pak mang ngampet sedelo njih. Sakit sampean niki mboten sak baene soale. Eyang kudu namakne ' Montro Aji Brojomusti '. Kliwooon... banyu putih kliwon..! "

Dengan cepat Kliwon mengambilkan segelas air putih dan memberikannya pada mbah Margoneroko.

Baca juga:
> Mengenal Majlis Tafsir Al Qur'an Surakarta

> Istri yang Baik itu Pandai mengatur Keuangan keluarga

eyang Margoneroko : " Semelah brojomusti badan kalah, tenung teluh santet wegah, pak gembong obong-obong kayu gede wesi bengkong, jabang bayine pak Wignyo iki mari saka kersaning alah bwahhh... bwahhhhhhhh..!

Mang diunjuk sing turah teng gelas niku pak..?? "

Pakde Wignyo : " Diombe yang? Turahane eyang wau? "

eyang Margoneroko : " Njih niku sarate.. (lalu pakde Wignyo meminum sisa air digelas tadi).. Pripun pak lak mpun kepenak to? "

Pakde Wignyo : " Njih yang timbangane kala wau.."

eyang Margoneroko : " Mpun to mang percoyo kalih kula. Sakite jenengan niki mbok ajeng ditambakne teng dokter pundi mawon ora bakal mari. Wong cetho wonten sing ndurakani sampean pak. Untunge mawon ndang cepet ketemu kulo, Margoneroko.. "

Pakde Wignyo : " Sakjane sing nyengkalani kulo niku sinten to yang? Pripon umpami diwangsulke mawon sengkalane kala wau? "

eyang Margoneroko : " Lololo.. ampun.. ampun Pak. Mangkih ndak mboten sae dadose. Saene yen pak Wignyo pun sehat tenan mangkih saget kulo pasangi susuk "

Pakde Wignyo : " O njih pun yang kulo tak pamit riyin nuwuuuun.."

Besoknya Janto datang ke rumah pakde Wignyo...

Pakde Wignyo : " Adoododododoh.... (mau mengambil gelas malah jatuh) "

Janto : " De,, pakde Wignyo..? "

Pakde Wignyo : " Adododohh.. soopo kui...? "

Janto : " Kulo Janto de. Wonten nopo kok sambat gero-gero niku? "

Pakde Wignyo : " Bukaken Jan, lawange ora dikunci.. "

Janto : " (membuka pintu dan kaget) Walahhh lakok pucete koyo ngene iki.. "

Pakde Wignyo : " Wetengku Jan.. rasane ra karuann mongko wingi lagi wae bubar sowan gone eyang Margoneroko sing pinter kae, Jan. Aku kudu sowan maneh iki.. Ben ndang dipasangi susuk, ben ora bola-bali disengkalani wong wae.. "

Janto : " Wetetetetetet.. jenengan niku pripun to de. Lawong genah cetho wong Guoblok kok diakokne pinter. Jenengan dosa gede lo de yen teseh moro merdukun. Syirik! Dosa sing mboten dingapuro Gusti Allah!

Waton malih kok mung ajeng dipasangi susuk, kok mboten erok-erok sisan kajenge jebebeh ngoten. Aing-aing mawon jenengan niku De. Jenengan pucet banget lo de. Pun sakniki kulo beto teng dokteran. Ampun percoyo malih kalih mbah Margoneroko. Wong cetho Margo-neroko kok sampean turutiii.. "

Tung tung tung tung... kanthi suworo gamelan Jawi pacelathon punika dipun pungkasani

Nuwun.. Nuwun.. Matur Nuwun

Ditulis tanggal 22/10/2013
Selengkapnya di Radio MTA FM 107,9 & PERSADA FM 102,2 MHz


_____
#ADV
Monggo yang pengen buka Usaha Bisnis Pulsa, modal minimal hanya 50ribu. Pasti Untung!
Daftar: Nama#Kota#NoHP ke 0822-1095-0849
Syarat dan Ketentuan silahkan Klik DISINI

Supported by  CV HAND CELL

Subscribe to receive free email updates: